Guyonan Dermayu. Wa Kabul ngerasa berag seuwise ngerungu sing tanggae yen rabine Onyon Nyi Tarkunah arep balik sing Arab. Jare mah telung minggu maning. Onyon wis weruh mung bli wara-wara ning sapa-sapa. Mbuh kepriben bisa mengkonon. Padahal kudune Onyon berag ngerungu beja yen rabine arepan teka ning tanah air. Wis rong taun luwih ninggalaken anak lan laki.
“Aja dipikirin Wa. Bagen arep ngalor arep ngidul, kader gah si Onyon wonge kayangkonon. Kudu diselentik kupinge,” jawab rabine Wa Kabul.
Lagi ngobrol enak karo rabine, Wa Kabul deleng Onyon lagi ngontel sepeda trungtung. Onyon dibeluk. Ngerungu belukan Wa Kabul Onyon banting setir ampir-ampiran sepedene tiba. Tolih mareki Wa Kabul. “Ana apa Wa?” jare Onyon bari jaluk roko ningWa Kabul.
“Ari sira adem-adem bae ngerungu Tarkunah arep balik. Bli kangen tah ning rabine
sing wis lawas pisahan?”
“Keder, Wa! Baka wong wadon balik pasti deweke nyewot. Soale duwit sing
saban wulan dikirim embuh langka tapakane, Wa!” jare Onyon.
“Nyongan sira mah dableg. Duwit kiriman sing Arab malah dienggo poya-poya bae. Ya pantes baka rabi nira balik, pasti deweke nungtut. Ayo ... sira bakal dipetung karo linggis … puas! Rabine Wa Kabul, melu ngomong.
“Aja lok mengkonon, Wa! Duwit kiriman sing wong wadon, dienggo ongkos urip. Kanggo biaya sekolah lan
sangu kanggo si Cenang, biaya mangan saban
dina, lan keperluan sejene. Sing luwih akeh mah ya … dienggo bayar utang.
Mangkane baka wong wadon teka tolih nyewot sekarat kadal tulung Wa rewangi
bantu kita,” jare Onyon maning.
Onyon dadi berag arep disilihi duwit kanggo bayar rental. Saking berage Onyon maturaken kesuwun bari ngambung tangan rabine Wa Kabul.
“Aja ngambung tangan kita masih duwe wudlu. Gage balik meng umah, tuh si Cenang kelangan!” jare rabine Wa Kabul
emong dicium tangan ning Onyon soale awake mambu bli sok adhus.
***
Sms sing Tarkunah negesaken yen deweke arep miang sing Arab dina Rebo. Onyon, embok bapane lan si Cenang lan si bungsu kudu siap-siap jemput ning Soekarno Hatta sedina sedurunge kapal mabur sing Bandara Jeddah Arab Saudi. Onyon nyanggupi, pokoke, wis siap segala galane. Baka Tarkunah teka, langsung munggah mobil bagus mulang meng Dermayu. Beres
Arep jemut Tarkunah rabine, olih rong bengi Onyon bli bisa turu. Mbuh kelingan apa. Apa wis bli ketahan kayane wis kepengen turu bareng, apa keberagen lantaran ijo ngerungu Tarkunah arepan gawa duit sekoper?
Akibat bli bisa turu bengi, esuk-esuk mobil rental wis teka ning adepan
umah Wa Kabul. Onyon masih nyeringkel turu bae. Ari si Cenang, si bungsu lan mertuae Onyon wis
siap-siap. Wa Kabul sing arep melu jemput dadi nyewot deleng Onyon nyeringkel turu kaya ula ning duwur
kursi. Saking mengkele, Wa Kabul gawa banyu seember sing sumur. Tolih gage dibanjurakeun
ning awake Onyon. Byuuuur!
“Astagfirullah!” Onyon kaget tangi.
“Dasar dableg, batur wis siap-siap arepan miang sira malah molor. Gage adhus. Kuh mobil
wis teka!” Wa Kabul nempeleng bokonge Onyon. Tolih Onyon adhus. Mung sedela,
gage ngenggo klambi.
Kira-kira jam 08.30 sing arepan jemput miang ngenggo mobil sewaan. Sing
awit miang tekang Cikampek Onyon gawene mung turu bae. Arep manjing Tol Cikopo,
ujug-ujug muntah-muntah, mabok! Bari ngejerit bli kuat lara. Onyon jaluk ning
supir mampir dikit luruh WC. Bingung tempat istirahat di tol masih adoh. Ya
akibat bli tahan nahan lara weteng, sroal Onyon dadi jibreg. Wa Kabul, mertua,
si Cenang, si bungsu lan supir, kabeh pada nutupi vungure saking bli kuat ngambung
bau sing blenak. Si Cenang bari si bungsu langsung ngalih dodoke ning parek
supir.
“Ampun Wa! Ampun! Tulung gageh luruh WC. Kita wis bli kuat! Bli kuat Pir!” tangane Onyon gebugi supir. Onyon jaluk nginum lan ngemet lontong rong wiji lantaran deweke ngerasa durung sarapan.
“Modar bae sira Nyon. Tuman, wong saban bengi ngeluyur, nah mengokon
akibate. Puas!” Wa Kabul nyewot, bari mijiti badane Onyon. (nyambung) mang uyo
Komentar