Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Naskah Drama

Guyonan Dermayu - Nongton Sandiwara (2)

  WIS puyeng lan mengkel, gara-gara dibebodo bae ning rabine, ceritane Onyon purik, bli k i yeng balik meng umah. Saban dina mung meneng lan turu bae ning jondol. Nyi Tarkunah uga pada bae mengkonon, lantaran wis mengkel ning lakine, Onyon bli lok dikirim i sega. Bagen jare mah Onyon kongkon luruh mangan dewek. “ Arep kampong arep beli masa bodo, delengaken bae. ” Masi h bli dikirimi sega, Onyon bli apa-apa. Nyongan akeh bature pengen mangan mah kari jaluk bae bli wurung ana sing ngupaih. Kaberan wulan kien akeh wong hajatan, asal gelem rerewang lan melu melekan, bli wurung sing duwe hajat ngupaih mangan, ro k ok, lan duit keding. Dina Rebo bature Onyon hajatan, ngerasula ke n anak wadon sing lagi belajar ning SD. Onyon sampe solot ngrewangi bature sing lagi duwe gawe. Telung dina telung bengi sibuk rerewang apa bae sing penting apa sing d i kongkon bature Onyon bli itungan. Mang Kodir sing duwe gawe seneng pisan direwangi Onyon sing tr e ngginas. Hajatan nagape singa...