WIS puyeng lan mengkel, gara-gara dibebodo bae ning rabine, ceritane Onyon purik, bli kiyeng balik meng umah. Saban dina mung meneng lan turu bae ning jondol. Nyi Tarkunah uga pada bae mengkonon, lantaran wis mengkel ning lakine, Onyon bli lok dikirimi sega. Bagen jare mah Onyon kongkon luruh mangan dewek. “Arep kampong arep beli masa bodo, delengaken bae.”
Masih bli dikirimi sega, Onyon bli apa-apa. Nyongan akeh
bature pengen mangan mah kari jaluk bae bli wurung ana sing ngupaih. Kaberan wulan kien akeh wong hajatan, asal gelem rerewang lan melu melekan, bli wurung sing duwe hajat ngupaih
mangan, rokok, lan duit keding.
Dina Rebo bature Onyon hajatan,
ngerasulaken anak wadon sing lagi belajar ning SD. Onyon sampe solot ngrewangi bature sing lagi duwe gawe. Telung dina telung bengi sibuk rerewang apa bae sing penting apa sing dikongkon bature Onyon bli itungan. Mang Kodir sing duwe
gawe seneng pisan direwangi Onyon sing trengginas.
Hajatan nagape singa depok, ngarak anak sing dirasulaken. Esuke nanggape sandiwara. Waya si penganten rasul lagi diarak muter-muter jalan desa, Onyon sibuk pisan. Mana mene ngatur kendaraan amber lalu-lintas lancar. Lagi
ngarak akeh bocah enom sing joged lan nyawer
duit meng biduan sing nembang lagu dangdut Jawa Dermayonan. Onyon melu meluan
joged lan pesen lagu keding.
“Mang kita jaluk sawere. Bli
isin tah sing mau joged bli nyewer-nyawer,” jare biduan ngomong ning Onyon.
“Sorry bae. Mamang bli duwe
duwit. Mengko bae bayare nganggo beras, kitae jaluk dikit ning majikan,” jawab
Onyon.
Si biduan ngrasa kesigung,
deweke purik ngumbangi Onyon sekarat kadal. “Dasar tukang joged
medit! Ngehina!” si biduan nyewot ngomonge santer pisan nganggo mik spiker
kerungu wong kabeh. Wong sing lagi nongton arak-arakan pada gemuyuh. Kaberan Nyi
Tarkunah lagi nongton, deweke ngerasa isin lakine disebut wong sombong, wong
medit ning biduan.
“Hey biduan! Sira aja lok
sombong, ya! Kita isin! Isin ning uwong! Sing diumbangi sira iku lakine kita. Pengen jaluk sawer mah aja diomongi ning sepiker
ngomong bae ning kita! Dasar biduan kurang ajar!” Nyi Tarkunah nyewoti biduan
bari marek meng glodogan dorong tempat si biduan dodok bari nembang.
“Punten bae Bi. Nyongan laki
sampeyan mah bli duwe rai. Pesen lagu wis ping telu bli ngupaih duwit bae. Ya
kita kepaksa jaluk!” jare si biduan melu isin, lantaran akeh uwong pada deleng Nyi
Tarkunah tukaran karo biduan. Ari Onyon mah deleng rabine tukaran tenang-tenang
bae joged.
“Maaaa! Kuh deleng Mimi lagi
tukaran karo biduan!” si Cenang ngomong ning bapane sing lagi joged.
“Wis aja diladeni, Nang! Mama
kagok kih lagi enak-enak joged! Gage mana balik sira aja melu tukaran!” jare
Onyon ning anake si Cenang.
Onyon manyun
Seuwise dipisah ning Hansip,
sing lagi tukaran toli marian. Nyi Tarkunah masih kurang puas. Dewewke terus
marek ning lakine sing lagi joged. Plak! Plak! Plak! Plak! Endas Onyon dipentung
nganggo sandal japit.
“Aduuuh! Ampun, Mi! Ampuuuun!”
Onyon mari jogede, terus gage ngeloyong ning pinggir jalan bari ngerasakaken
endase sing benjut lara kena pentungan.
Arak-arakan marian. Penongton
bubaran. Seuwise mangan lan diupaih duwit ning tuan hajat, grup singa depok
mulang nunggang truk. Onyon sing lagi dodok bari ngelus-ngelus endase ning
parek tukang baso, marekai ning tukang hajat. Mang Kodir sing diwe hajat
ngerti, maksude Onyon pengen jaluk bayaran
“Kesuwun Nyon, sira wis
ngebantu kita. Tolih hiburan dadi rame gara-gara sira lan rabi nira melu pentas
ning arak-arakan. Penongton angkat jempol bari pada ngomong jare mah
arak-arakan sukses gara-gara Onyon,” jare Mang Kodir gemuyuh.
“Iya rame Boss. Tapi endas
reyang benjut. Kuh deleng. Gara-gara dipentung mboke bocah!” jawab Onyon bari
nerangaken yen Nyi Tarkunah marek ning biduan gara-gara kesinggung Onyon
disebut wong medit lan kumed.
Mang Kodir gemuyuh ngakak. Ari
bokat Onyon gawe acara melu ngehibur penongton nganggo sandiwara-sandiwaraan karo
Nyi Tarkunah. “Bli weruh endas sira benjut. Ha ha ha ha,” Mang Kodir karo
rabine ngakak. Penganten rasul uga pada bae melu gemuyuh.
Ny. Rukoyah rabine Mang Kodir
maturaken kesuwun meng Onyon. Wis rong dina rong bengi bebantu ning keluarga
tuan hajat. Mau Ny. Rukoyah wis ngupaih duwit, beras, rokok lan jabur wis
langsung dikirim meng umae Onyon.
“Kesuwun ya Nyon. Kita bli bisa
ngupaih apa-apa. Ya kita ngupaih mung semono, lumanyan etung-etung kanggo bantu
bantu keluarga nira!” jare Ny. Rukoyah.
“Ari kanggo kitae, endi Bi!”
omong Onyon.
“Lah! Kepriben ari sampeyan lok
aneh-aneh. Nyongan kabeh wis dikirim meng umah. Baka pengen duwit lan rokok
mana bae jaluk meng rabi nira!” jare Ny. Rukoyah.
Bli permisi maning ning tuan
hajat, Onyon langsung ngeloyong bari manyun, muru tempat istirahate ning “hotel
gratis”, jondol.
(Mang Uyo)
Komentar