Abdul Aziz Kiser Bumi Aria Wiralodra Dening : Abdul Aziz Ning jagat bumi Endhang Dharma Ning sejerone wiwitan weringin kang wis lanjut usia Ning selebete keris kang ketulis seratan wangsa kerta Kula slulup teng Negara sejerone Negara Wonten sato kewan ula dawa kang nyemburaken geni langka sumbune kula mlebet teng jerone pusaka trisula lan nubles weteng blendinge para reriwa kang doyan pesta teng istana Klawan ajian kalima sada bumi alas dadi bumi welas Welasi rayat tumaritis, kang uripe adus banyu mata Saniki mlawad dunya, saged bangun pedusunan dermayu genae reriwa ! Dermayu, 21-11-2011