Abdul Aziz
Kiser Bumi Aria Wiralodra
Dening : Abdul Aziz
Ning jagat bumi Endhang Dharma
Ning sejerone wiwitan weringin kang wis lanjut usia
Ning selebete keris kang ketulis seratan wangsa kerta
Kula slulup teng Negara sejerone Negara
Wonten sato kewan ula dawa kang nyemburaken geni langka sumbune
kula mlebet teng jerone pusaka trisula
lan nubles weteng blendinge para reriwa kang doyan pesta teng istana
Klawan ajian kalima sada bumi alas dadi bumi welas
Welasi rayat tumaritis, kang uripe adus banyu mata
Saniki mlawad dunya, saged bangun pedusunan dermayu genae reriwa !
Dermayu, 21-11-2011
Komentar