WARTIMAN - ANIK ARNIKA
mang wartiman duwe rabi bi kurnengsih
bli kaberan edan kenang nembe sugih
baka dandan pengene merneng lan bersih
sampe rai kebakar kenang pemutih
jalan jalan mingguan meng supermareket
numpak motor loroan boncenge ngeket
sing lanange sepatuan nganggo jaket
sing wadone kudungan clanane setret
gayae urip lagi sugih duit
wong loro pikire ndengak meng langit
wartiman kaget nang kurnengsih njerit
sendale magol kegencet ning elif
dasare wong loro langka sing ngerti
bayare bli gelem dikongkon antri
nang satpam diundang mamang lan bibi
ora trima pengene abi lan umi
Komentar