Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label dermayonan

Guyonan Dermayu - Ngobrog

ONYON bingung, arep luruh duwit kanggo biaya anak rabi ning bulan puasa bli keyeng, lantaran baka weteng kosong kurang tenaga. Baka dipaksakaken, wedhi bokatan mengko batal puasane. Arep saban dina turu bae ning umah, bli bisa lali lantaran si Cenang lan si Bontot ganggu bae. Lantaran sing awit Romadon bli gawe-gawe, Ny. Tarkunah gawene nyewot bae, lantaran bli duwe duwit kanggo biaya masak. Wis seminggu bli duwe duit gawene mung nyilih bae ning warung. Isin bli kejagan lantaran sing duwe warung gawene nagih bari jemedud manyun gara-gara bli bayar-bayar. “Doraka baka wong lanang gawene meneng bae ning umah. Langka alesan, wong lanang wajib luruh duwit kanggo anak rabi,” jare Ny. Tarkunah nyewot. “Emong gah! Bli kiyeng!Arep gae apa? Ari menggawe kudu nganggo tenaga. Ari wong lagi ibadah kudu akeh istirahat. Baka menggawe pasti batal puasane. Ya …. batan batal mending gah meneng ning umah,” jawab Onyon. “Ari sahur lan buka puasa beli perlu nganggo duwit, tah!” “Lah ... ari sira...

Guyonan Dermayu - Toge

Karikatur Guyonan Dermayu Guyonan Dermayu.  WIS arep seminggu Onyon bli balik-balik meng umahe. Mbuh lunga mendi, bli inget anak rabi. Mending baka lunga selawas-lawas tolih balike gawa duit atawa mikul sekarung beras. Biasane Onyon mah baka balik bli sok gawa apa-apa alias bablas. Ditinggal lunga karo lakine, Ny. Tarkunah bli kelingan bli apa-apa. Malah deweke seneng. Endah bae arep lunga mendi bae gah bli arep digoleti. Engko baka wis bosen ngampleng mah pasti Onyon balik meng umah. Sore-sore lagi duduk ning buk, ujug-ujug ana tanggane wewara. Jare tangga baka bengi Onyon pernah ketangguan lagi turu dewekan ning saung sawah. Ari awan mah langka embuh lunga mendi. “Gage kongkon balik laki nira, melas, Bi!” jare Bi Carpen tangga sebelah. “Arep urip arep mati masa bodo, reyang mah busung bli arep goleti. Pusing duwe laki kaya konon, kelakuan bli robah robah. Unggal dina gawene ngan molor bae. Baka diomongi kalah nyewot sekarat kadal, tolih dadi tukaran,” jawab Ny. Tarkunah. ...

Guyonan Dermayu - Mentung Karet 3 Tamat

Karikatur Guyonan Dermayu Guyonan Dermayu .“KURANG ajar si Onyon, sebenere urip seneng rabine teka. Eh ... deweke bli gelem pada campur. Padahal wis telung taun pisahan ditinggal Tarminah. Kiyen wis teka kalah pengen rabi maning karo randa tetangga desa. Awas sira, arep diwarakaken ning Tarminah. Tuman!” jare Wa Kabul nyewot. Bli suwe tolih miang ning umae Tarminah. “Wis bagen arep kawin maning, arepan beli, kita mah wis bli suka duwe wong lanang kaya konon. Kita mah arep miang maning minggu arep, Wa,” Tarminah dugal ngrungu beja sing Wa Kabul. “Ya wis baka mengkonon mah Uwa mung bisa dongakaken, moga-moga ira sing selamet, bagja akeh rejekine lan sing gage mulang ketemu keluarga,” “Kesuwun Wa!” jare Tarminah. Wa Kabul tolih mulang ning umae bari atine mah angger dugal ning Onyon. Tinggal rong dina maning arep miang, Onyon nemoni Tarminah. Deweke jaluk pengampura lan maih donga kanggo rabine sing arep miang. “Sing percaya karo Mama. Si cenang karo si bontot arep diurusi kelayan...

Guyonan Dermayu - Mentung Karet (2)

Guyonan Dermayu . SETEKANE ning bandara, Onyon tangi. Bari ndodok ning korsi, matane ora gelem meneng. Clingak clinguk deleng wong sing lagi mondag madig ning ruang lobi. Ana wong bule lan wong ireng awake doglong doglong. “Wong kuwen kaya teroris, Wa!” jare Onyon. “Hus! Sira ngomong aja gegabah. Dudu teroris, iku mah wong Timur Tengah, arep miang ning negarane. Dasar wong kampung sira mah Nyon!” Wa Kabul nyewot. “Soale deleng ning tivi teroris badane jangkung gede lan doglong-doglong, tolih kulite ireng ireng kaya areng.” “Wis! Wis! Wis aja akeh omong. Mengko sedela maning rabi nira bakal teka. Rongokaken mau ana sing wewara ning sepiker yen pesawat Boing 747 sing gawa Tarkunah arep lending,” jare Wa Kabul. Onyon berag pisan. Ngrongokaken rabie arep teka sing maune lara dadak-dadak waras. “Gage Mimi teka! Reyang wis bli tahan, Mi!” “Meneng! Meneng! Isin ning batur! Kaya bocah cilik bae sira mah!” Wa Kabul rada nyewot. Bli suwe ana petugas marek tolih nakon sapa keluarg...

Guyonan Dermayu - Mentung Karet 1

Guyonan Dermayu . Wa Kabul ngerasa berag seuwise ngerungu sing tanggae yen rabi n e Onyon Nyi Tarkunah arep balik sing Arab. Jare mah telung minggu maning. Onyon wis weruh mung bli wara-wara ning sapa-sapa. Mbuh kepriben bisa mengkon on . Padahal kudune Onyon berag ngerungu beja yen rabi n e arepan teka ning tanah air. Wis rong taun luwih ninggalaken anak lan laki.   “Keder ana apa si Onyon adem-adem bae, ngurungu beja rabine arep balik sing Arab?” jare Wa Kabul ngomong ning rabine. “Aja dipikirin Wa. Bagen arep ngalor arep ngidul, kader gah si Onyon wonge kaya ng konon. Kudu diselentik kupinge,” jawab rabine Wa Kabul. Lagi ngobrol enak karo rabine, Wa Kabul deleng Onyon lagi ngontel sepeda trungtung. Onyon dibeluk. Ngerungu belukan Wa Kabul Onyon banting setir ampir-ampiran seped e ne tiba. Tolih mareki Wa Kabul. “Ana apa Wa?” jare Onyon bari jaluk roko ningWa Kabul. “Ari sira adem-adem bae ngerungu Tarkunah arep balik. Bli kangen tah ning rabine sing wis lawas pisahan?”...

Guyonan Dermayu - Ngobor Kodok

Karikatur Guyonan Dermayu Guyonan Dermayu . Bli betah ,  Meneng ning umah  bae,  diumbangi wong wadon  unggal dina . Turu ning jondol lokat diganggu  ning  uwong. Keder luruh gena h  ning endi sing kira-kirane betah. Winginane Onyon dodok dewekan ning pejaratan, eh lagi enak enak luruh angin, anake si Cenang ujug-ujug teka gage ngongkon balik. Bli salah baka Ny i  Tarkunah rabine Onyon saban dina rewel ngomong bae, lantaran butuh biaya kanggo mangan lan kanggo sangu sekolah si Cenang karo si Bontot. Ari Onyon enak-enak bae gawene  cuman  dodok, turu lan mangan bae. Ari sing luruh duwit Ny i  Tarkunah ngadon beburuh  beb asuh  klambi  lan piring ning umahe tangga. “ Keder ! Arep luruh-luruh kerjaan kaya ng apa. Arep miang-miangan jagat lagi udan bae  iku . Kayane boro-boro olih duit, mengkone bisa-bisa puyeng lara endas keudanan. Yah wis bagen arep meneng bae, bangen wong wadon ngerekel ngomong bae gah,” jare Onyo...

Guyonan Dermayu - Telitian

  Wa Kabul   : Wis awan mengkenen sira masih turu bae. Kuh delengen batur lagi pada sibuk luruh duit kabeh. Ana sing meng sawah, ngojeg, dagang es, nyitak bata, lan luruh duwit sejenne, mekaya apa bae sing penting judule luruh rejeki. Onyon  : Enak turu Wa, Bli pegel. Kanggo apa luruh pegawean. Arep metu sing umah gah isin ning batur sedulur wa. Wa Kabul  : Kenapa isin sirane maning? Duwe dosa, ya ? Mulane jare Uwa gah gage dirobah kelakuan sira kuh, aja lokan gawe dosa ning uwong lian. Doraka ! Onyon  : Dudu mengkonon ,  Wa! Kita isin lantaran sewulan sewise lebaran akeh pisan wong hajatan. Kita sama sekali bli lok kondangan, lantaran rumasa bli duwe duwit. Sing isinne maning ampir saban dina akeh uw o ng nagih beras, lantaran melu telitian bli bisa bayar. Mangkane kita meneng soten ning umah, ya mengkonon iku alasane Wa! Wa Kabul  : Jare winginane rabi nira sing Arab ngirim duwit jutaan? Toli dienggo apa duwit? Lah  . .. ana ana bae sira ma...