Guyonan Dermayu. SETEKANE ning bandara, Onyon tangi. Bari ndodok ning korsi, matane ora gelem meneng. Clingak clinguk deleng wong sing lagi mondag madig ning ruang lobi. Ana wong bule lan wong ireng awake doglong doglong.
“Wong kuwen kaya teroris, Wa!” jare Onyon.
“Hus! Sira ngomong
aja gegabah. Dudu teroris, iku mah wong Timur Tengah, arep miang ning negarane.
Dasar wong kampung sira mah Nyon!” Wa Kabul nyewot.
“Soale deleng
ning tivi teroris badane jangkung gede lan doglong-doglong, tolih kulite ireng
ireng kaya areng.”
“Wis! Wis! Wis
aja akeh omong. Mengko sedela maning rabi nira bakal teka. Rongokaken mau ana
sing wewara ning sepiker yen pesawat Boing 747 sing gawa Tarkunah arep
lending,” jare Wa Kabul.
Onyon berag
pisan. Ngrongokaken rabie arep teka sing maune lara dadak-dadak waras.
“Gage Mimi teka!
Reyang wis bli tahan, Mi!”
“Meneng! Meneng!
Isin ning batur! Kaya bocah cilik bae sira mah!” Wa Kabul rada nyewot.
Bli suwe ana
petugas marek tolih nakon sapa keluarga Tarkunah, Onyon gage ngadeg bari
ngomong, “Saya suaminya Tarkunah, Pak!”
Onyon karo Wa
Kabul digawa petugas manjing ning ruangan dikongkon gawa barang-barang.
“Alhamdulillah
wong wadon teka,” jare Onyon bari manggul tas karo koper langsung digawa lan
dianjingaken meng jero mobil.
“Ari rabi reyange
mendi, Wa?”
“Sabar Nyon!
Sabar, sedela maning uga metu. Mengko sing sabar, Tarkunah lagi ngurus-ngurus
administrasi dingin!” jare Wa Kabul.
Bari dodok ning
kursi, Onyon, Wa Kabul karo keluarga nonggoni Tarkunah metu sing lawang. Beli
suwe katon ana wong wadon metu nganggo jilbab lan klambi ireng. Onyon langsung
mareki bari terus dirangkul. “Mimiiiii.. Mimiiiiiii!” jare Onyon nangis.
“Kurang ajar!
Saudara siapa? Kok gak sopan, berani ngerangkul saya?” jare si wong wadon.
Onyon kaget, bari
terus mendelik deleng raine.
“Ampun minta maaf
Ibu! Dikira istri saya!” jare Onyon bari jaluk maaf. Wa Kabul nyewot maning.
“Sabar Nyon!
Sabar! Aja gegabah! Wong TKW dudu rabi nira bae!” jare Wak Kabul, bari gepeki
tangan Onyon toli dikongkon dodok.
“Iku Mimi! Iku
Mimiiiiiii!” jare si cenang. Tarkunah sing nembe metu sing lawang langsung
mlayu mareki si cenang bari terus rangkulan.
“Alhamdulillah
Mimi slamet, Nang!” jare Tarkunah bari nangis brobolan banyu matane.
Saking berage,
Onyon, Wa Kabul karo sing jemput kabeh pada salaman karo Tarkunah sing wis
lawas bli ketemu. Bli suwe rombongan manjing meng mobil terus miang sing loaksi
bandara balik nuju meng Dermayu.
Tekang ning
Prapatan Celeng, Tarkunah jaluk aja mudun ning umah, Deweke kepengen
diantaraken meng umah mbok bapane. Onyon kaget, kenapa mengkonon? Tarkunah
tetep bli gelem mudun ning umahe deweke. Supir manut nuruti kepengenan Tarkunah.
Onyon pasrah!
Bli suwe mobil
wis teka ning pinggir dalan adepan umah Kartawi, bapane Tarkunah. Barang teka
Kartawi karo rabine Bi Tawen jemput bari nangis. “Unaaaah! Unaaaah!
Alhamdulillah sira bisa balik lan bisa ketemu maning karo Mimi!”
Tarkunah manjing
meng jero umah. Onyon meneng bae ning jero mobil bari nonggoni barang-barang.
Kartawi mareki mobil tolih maksa barang-barang kongkon digawa meng umah. Onyon
meneng bae bli gelem nurut omongan mertuane.
“Elos bae
Tarkunah mah meneng ning umah Mama. Tapi ari barang-barang mah kabeh arep
digawa meng umah reyang!” jare Onyon.
“Bli bisa, gage
udunaken! Barang-barang dudu duwe sira tapi duwene anak reyang!” Mang Kartawi
nyewot bari ngemet koper bari dibantu Wa Kabul. Onyon dugal deweke meneng bae
ning jero mobil bli gelem metu.
“Baka mengkenen
dadine, mau-mau, kita mah bli arep jemput wong wadon,” jare Onyon glendeng.
Seuwise Wa Kabul bayar mobil sewan, ki supir miang gawa mobile. Bli permisi maning Onyon langsung balik. Bagen bli ketemu karo Tarkunah sing nembe teka sing Arab, Onyon nyegat ojeg mulang meng umahe. (nyambung) mang uyo
Komentar