ONYON bingung, arep luruh duwit kanggo biaya anak rabi ning bulan puasa bli keyeng, lantaran baka weteng kosong kurang tenaga. Baka dipaksakaken, wedhi bokatan mengko batal puasane. Arep saban dina turu bae ning umah, bli bisa lali lantaran si Cenang lan si Bontot ganggu bae.
Lantaran
sing awit Romadon bli gawe-gawe, Ny. Tarkunah gawene nyewot bae, lantaran bli
duwe duwit kanggo biaya masak. Wis seminggu bli duwe duit gawene mung nyilih
bae ning warung. Isin bli kejagan lantaran sing duwe warung gawene nagih bari
jemedud manyun gara-gara bli bayar-bayar.
“Doraka
baka wong lanang gawene meneng bae ning umah. Langka alesan, wong lanang wajib
luruh duwit kanggo anak rabi,” jare Ny. Tarkunah nyewot.
“Emong
gah! Bli kiyeng!Arep gae apa? Ari menggawe kudu nganggo tenaga. Ari wong lagi
ibadah kudu akeh istirahat. Baka menggawe pasti batal puasane. Ya …. batan
batal mending gah meneng ning umah,” jawab Onyon.
“Ari
sahur lan buka puasa beli perlu nganggo duwit, tah!”
“Lah
... ari sira aja nyewot, bokat puasane batal. Jare ustaz ning bulan puasa mah
akeh rejeki. Bli perlu luruh duwit uga rejeki pasti bakal ngalir. Buktine bae
wis seminggu bli gawe kita masih bisa mangan.”
“Rejeki-
rejeki kepriben, nyongan pangananan sing dimasak saban dina kabeh olih ngutang
ning warung wis seminggu bli bayar-bayar. Isin, sing duwe warung nyindiri bae.
Gageh mana gah miang luru duwit kanggo bayar utang!” Ny. Tarkunah rungsing
deleng lakine ngan dodok bae ning teras umah.
“Ya
wis baka sira mengkonon mah, sukiki arep luruh duwit ngojeg beca, tapi reyang
bli arepan puasa, ya!” jare Onyon.
“Aja
mengkonon Ma! Sing eling, jare ustaz Romadon bulan berekah lan bulan ampunan. Luruh
kerjaan sejenne sing bli mtaka ngebatalaken puasa,” jare Ny. Tarkunah.
Saban
bengi ning bulan Romadon ning kampung kampung akeh wong ngobrog. Ngobroge ana
sing ngago musik hiburan dangdut bari kluyuran ning gang-gang. Ana maning
bocah-bocah dolanan bari nabuhi kohkol atawa kaleng. Ngobrog maksude kanggo
nanghikaken wong sing lagi turu ambeh aja kapiran mangan sahur.
Deleng
wong ngobrog Onyon mikir, pengen meluan ngobrog kaya batur. Mbuh apa melu
ngobrog karo bocah-bocah atawa ngobrol karo para seniman bari ngedorong gotrok?
Ah ngobrog dangdutan bae, lantaran akeh sing nyawer. Lumayan buruh dorong
gotrok duwite bisa kanggo bayar utang ning warung.
Iya
bae Onyon meluan ngobrog gawene ngedorong gotrok sing ditunggangi para biduan
lan para pemusik organ. Sing tengah bengi sampe arep teka waktu sahur Onyon
kerja solot pisan. Bubaran ngobrog kebagean duwit ladang sawer lumayan olih
selawe ewu perak.
Sebengi
rong bengi Onyon solot menggawe dorong gotrok. Eh suwe-suwe mah Onyon malah
dlagdag, deweke emong dorong gotrok, pindah dadi tukang joget bari sekalian
jaluk-jaluk duwit ning penongton. Pasti bayarane rada gede lantaran kerjane
luwih cape. Onyon kudu bisa bojeg, ngerayu lan luruh duwit saweran.
Onyon
duwe pegawean ngobrog saban bengi lumayan hasile bisa kanggo nyumponi anak
rabine. Untunge maning bari luruh duwit, awane bisa nutugaken puasa. Saking
berage duwe laki bisa luruh duwit saban dina Onyon bli sokat diumbangi malah
sekiyen mah nemen dialem bae.
Bengi
Minggu Onyon ngobrog maning. Jare mah baka bengi libur pasti akeh wong sawer.
Amber akeh sing sawer Onyon kudu bisa joged lan ngelawak amber penongton
seneng. Bener bae Onyon bli kira-kira morege keliwatan. Mentang-mentang akeh
sing gemuyuh bari ngupaih sawer, bli kira-kira jogede bari gesoran kaya sing break dance gelelengan ning dalan aspal.
“Terus
….. Nyon! Teruuuus!” penongton keprok bari gemuyuh ngakak.
Dikongkon
joged terus aja mari-mari, Onyon kalah nemen gelelengan bari muter-muter ning
duwur dalan aspal. Musik tambah santer bae mirigan wong sing lagi joget. Duwit
saweran terus merul. Eh suwe-suwe mah sing lagi joget ngelemprah kecapean.
Dikongkon tanghi Onyon kalah turu kaya wong sing lagi keranjingan.
“Nyon!
Nyon eling! Nyon nyebuuut, Nyooon!” jare pimpinan obrog.
Bener
bae Onyon bli eling-eling. Matae melotot bli kirem kirem. Cangkeme celangap
bari metu banyue. Pimpinan obrog bingung. Akhire ngobrol marian, Onyon sing
belie ling eling tolih dibopong bareng-berang digawa meng umahe. Deleng lakine
kesurupan Ny. Tarkunah, si Cenang karo si Bontot sing arep mangan sahur pada
nangis.
Onyon
sing bli eling-eling tolih digletakaken ning duwur kasur. Turue mani lali
pisan. Esuke kira-kira jam 17.00 nembe tanghi, bari manyun ngrasakakekn endas
blenger. Wisa buka puasa Onyon ngomong ning rabine jare mah bli arep ngobrog
maning.
“Tolih
arepan gawe apa?” jare Ny. Tarkunah.
“Ah
arepan turu bae ning umah amber tutug puasane!” jare Onyon nyengir.***
· mang uyo
Komentar