Karikatur Guyonan Dermayu
Guyonan Dermayu.“KURANG
ajar si Onyon, sebenere urip seneng rabine teka. Eh ... deweke bli gelem pada
campur. Padahal wis telung taun pisahan ditinggal Tarminah. Kiyen wis teka
kalah pengen rabi maning karo randa tetangga desa. Awas sira, arep diwarakaken
ning Tarminah. Tuman!” jare Wa Kabul nyewot. Bli suwe tolih miang ning umae
Tarminah.
“Wis
bagen arep kawin maning, arepan beli, kita mah wis bli suka duwe wong lanang
kaya konon. Kita mah arep miang maning minggu arep, Wa,” Tarminah dugal ngrungu
beja sing Wa Kabul.
“Ya
wis baka mengkonon mah Uwa mung bisa dongakaken, moga-moga ira sing selamet, bagja
akeh rejekine lan sing gage mulang ketemu keluarga,”
“Kesuwun
Wa!” jare Tarminah. Wa Kabul tolih mulang ning umae bari atine mah angger dugal
ning Onyon.
Tinggal
rong dina maning arep miang, Onyon nemoni Tarminah. Deweke jaluk pengampura lan
maih donga kanggo rabine sing arep miang. “Sing percaya karo Mama. Si cenang
karo si bontot arep diurusi kelayan telaten, Mi!” jare Onyon. Tarminah meneng
bae bli ngomong-ngomong.
“Mimi
nyewot karo Mama. Kenapa sih Mi. Mama dosa apa?” Tarminah meneng bae bli
jawab-jawab. Onyon permisi mulang.
Onyon
gage wara ning calon rabine nyampekaken yen Tarminah arep miang esuk minggu.
Akad nikah dadie Minggu sore. Wa lebe karo calon mertua kudu siap siap. “Aja
rame-rame bokat ketangguan tetangga. Cukup wong papat bae. Reyang, Sira, Mama,
karo Wa Lebe. Kepriben, setuju, Mi?” jare Onyon berag.
“Nggih.
Beres. Wau Mama wis wara Wa Lebe siap!” jare Warti keberagen.
Dina
Minggu esuk-esuk Tarminah permisi ning bapa lan mboke, jare mah ana perlu karo
bature sing pada-pada arep bareng miang ning Arab. Koper, tas karo sejenne ditaroh
dikit ning umahe. Tarminah miang bari gawa si bungsu. Ari si cenang mah kaberan
lagi dolan deleng hiburan singa depok ning wong hajatan.
Wis
jam papat sore Tarminah bli balik balik. Sedela maning mobil angkutan sing arep
gawa Tarminah karo rombongan arepan teka. Mama lan Mboke Tarminah keder. Arep
goleti mendi bli weruh, soale Tarminah maune bli wara arep dolan ning sapa.
“Ya
wis Ma sabar! Bokat sedela maning Tarminah teka karo batur-bature,” jare Mimie
Tarminah.
Ning
umah Warti wis ana Wa Leba nonggoni. Bli suwe Onyon teka nganggo klambi batik
anyaran, ngenggo kupluk lan celana ireng. Nembe teka ning umah calon penganten
wadon mambu wangi mani melding. Ya ma’lum bae, lantaran badan Onyom mambu
keringet bli kejagan.
“Diawitan
bae, Wa Lebe!” jare bapane Warti. Maksude akad nikah diawitan.
“Nggih
monggo!” jare Wa Lebe.
Onyon
duduk parek karo Warti. Roroane madep Wa Lebe. Ari ma Ikin bapane Warti madep
ngulon ana ning tengah-tengah antara calon penganten karo Wa lebe. Akad nikah
arep diawiti. Wa Lebe baca bismillah lan solawat kelayan husuk. Onyon karo
Warti mendelik delengaken cangkem Wa Lebe sing lagi komat-kamit.
Lagi
arepan diawiti, panto lawang ujug-ujug ana sing nendang.
“Braaaak!”
Kabeh
sing lagi duduk ning jero umah kaget. Sing nendang lawang Tarninah bari gawa
sapu wada. Onyon kaget raine abang isin kayane lantaran kupinge dijewer bari
terus digebugi nganggo sapu wada.
“Ayo
sira balik! Balik! Balik! Wong lanang dableg! Kurang ajar!” Tarminah nyewot
bari terus bli mari-mari mentungi lakine.
“Ampun,
Mi! Ampun! Aja mentungi Mama! Ko, ko bli sida bae kawinne. Mi!” Onyon jaluk
ampun kena lara wirang ning keluargane Warti lan Wa Lebe.
Onyon
metu sing umah. Tolih mlaku disewoti bari terus digebugi ning rabie. Wong
sekampung pada deleng bari pada gemuyu delengaken Onyon sing lagi digebugi
rabine. “Kenapa laki nira digebugi, Nok?” jare uwong.
“Arep
kawin maning, Bi!” jare Tarminah.
Adepan
umah Wa Kabul, Onyon gage mlayu. Maksude arep nylametaken dewek nylusup ning
jero umah Wa Kabul. Tapi Tarminah terus ngudag. Arep dihajar nganggo kursi,
keburu dicegat sing duwe umah. “Wis! Wis! Wis! Wis aja tukaran!” jare Wa Kabul.
Tarminah mari ngambekke. Tolih nyegruk nangis bari ngerangkul ning Wa Kabul.
“Puas
sira! Puas! Mentung karet arene, Nyon!” jare Wa Kabul bari nempiling bokonge
Onyon sing lagi duduk ning pojok umah bari melding kaya kucing lagi ngising. Tamat. mang uyo
Komentar