|
Guyonan Dermayu. Bli betah, Meneng ning umah bae, diumbangi wong wadon unggal dina. Turu ning jondol lokat diganggu ning uwong. Keder luruh genah ning endi sing kira-kirane betah. Winginane Onyon dodok dewekan ning pejaratan, eh lagi enak enak luruh angin, anake si Cenang ujug-ujug teka gage ngongkon balik.
Bli salah baka Nyi Tarkunah rabine Onyon saban dina rewel ngomong bae, lantaran butuh biaya kanggo mangan lan kanggo sangu sekolah si Cenang karo si Bontot. Ari Onyon enak-enak bae gawene cuman dodok, turu lan mangan bae. Ari sing luruh duwit Nyi Tarkunah ngadon beburuh bebasuh klambi lan piring ning umahe tangga.
“Keder! Arep luruh-luruh kerjaan kayangapa. Arep miang-miangan jagat lagi udan bae iku. Kayane boro-boro olih duit, mengkone bisa-bisa puyeng lara endas keudanan. Yah wis bagen arep meneng bae, bangen wong wadon ngerekel ngomong bae gah,” jare Onyon, ngomong dewek.
Bari nglamun, Onyon mendelik deleng si Bontot lagi mangan sega karo uyah. Cangkeme kunyam-kunyem bari ngrasakaken mangan langka lawune. Dipikir-pikir bli tegel temen deleng anake mangan karo uyah. Onyon ngenes banyu matane bluruk bari mrengut mikiri nasibe.
“Melas temen, sira Nang!” jare Onyon.
Udan sing esuk tekang awan bli mari-mari. Nah arepan Magrib udan nembeke mandeg. Onyon gage lunga sing umah, maksude arep nyilih obor karo kembu ning Mang Asikin tangga desa. Onyon arepan luruh kodok ning sawah bokatan bae olih rejeki. Kodoke arep didol, duite kanggo tuku lawu mangan lan sangu jajane si Bontot.
“Bli arepan disilihaken, baka disewa los bae. Soale kembu karo obor karbit lokat gampang rusake. Baka luruh gantine angel bli kejagan. Bli! Bli! Bili arepan disilihi uwong,” jare Mang Asikin.
“Ya wis pira sebengi kita kudu nyewa kembu karo obor?”
“Larang Nyon! Ari gelem los. Selawe ewu!” jawab Mang Asikin.
“Duwite mah esuk bae baka kodoke payu didol bae, ya!”
“Bli apa-apa, elos bae. Awas aja luwih sing jam pitu esuk ya. Baka liwat sing jam semono bakal didengda.”
Jagat wis peteng, Onyon lunga meng sawah bari mlipir ning galengan. Abane kodok wani rame pating kok-kok-kok gawe smanget Onyon luruh rejeki. Bek! Bek! Bek! Kodok sing lagi luncat gage dipentung. Wis klenger kodok dianjingaken meng jero kembu.
Ning Ki Buyut
Tekang jam sanga bengi Onyon ngerasa pegel. Deweke dodok ning galengan bari berag lantaran nembe pirang jam kembu wis kebek keisi kodok. Ning jero pikirane pasti deweke bakal olih duwit gede lantaran olih kodok sing pirang-pirang.
Onyon kelingan, baka balik esuk deweke kudu nyewa duwit selawe ewu. Larang temen. Ketimbang metu duit gede mending langsung balik ngantaraken kembu karo obor karbit. Ning jero pikirane bokatan bae baka disewa seperempat dina mah sewane dikurangi telung perapate. Lumayan!
Balik sing sawah Onyon bli ngenggo dalan mau. Deweke lunga ngenggo dalan desa bari nyabrang kali Sindupraja. Maksude mah amberan gelis teka ning umah Mang Asikin. Baka gelis pasti potongan sewane olih diskonan.
Lantaran pikirne berag kelingane mung duwit bae, bli weruh ning adepan ana lobang. Onyon bli ati-ati. Ana blug! Onyon tiba. Barang tangi kembu sing diisi kodok ilang. Di deleng kembune katon kentir kegawa banyu Sindupraja.
Onyon mlayu ngudag kembu. Ketemu soten si kembu mandeg ning tiang jembatan. Bli akeh pikir maning Onyon gage ngejebur ning kali bari ngemet kembu.
Barang wis meng darat, deweke menlongo. Kodok sing semono akehe mung kari wolung iji. Padahal maune mah ana satus luwih. Kepriben baka wis mengkonon. Arep balik meng umahe mang Asikin keder sing endi duit kanggo nyewa kembu lan obor karbit. Arep balik meng umah wedhi diumbangi Nyi Tarkunah, lan bli tegel bokat deleng si Bontot mangan karo uyah maning.
“Keder. Ya wis gah arepan turu bae ning pejaratan, bokat bae ana Wa Kuncen sing lagi kliwonan ning Ki Buyut. Baka ana panganan suguhan, arep dijaluk kanggo ngisi weteng,” jare Onyon bari nglamun keder lantaran kodoke ampir entok kabeh kentir kegawa ning banyu kali.
Kaberan temen Wa Kuncen kedeleng lagi beberes ning Ki Buyut. Barang ketemu Onyon langsung jaluk panganan, bokatan bae ana panganan olih suguhan uwong sing nadran ning Ki Buyut. Barang unjuk salam Wa Kuncen nakon. “Sira mene arepan apa?”
“Arepan istirahat, Wa?” jawab Onyon.
“Iku sira gawa apa ning jero kembu?”
“Kodok Wa!”
Ngrungu Onyon gawa kodok, Wa Kuncen nyewot. Deweke ngerasa dihina disangka Onyon arepan nadran nyekar kliwonan gawa suguhan kodok. “Bli sopan sira Nyon. Ngehina sira meng Leluhur! Masa iya Ki Buyut di suguhi panganan kodok! Balik sira! Gage baliiiik!”
Bli bisa ngejawab, Onyon gage balik bari ati nelangsa lantaran diusir Wa Kuncen. Ditambah rasa ngenes kodok ning jero kembu ilang kegawa kentir lan esuke kudu bayar sewa meng Mang Asikin. (mang uyo)
Komentar