Karikatur Guyonan Dermayu
Guyonan Dermayu. WIS
arep seminggu Onyon bli balik-balik meng umahe. Mbuh lunga mendi, bli inget
anak rabi. Mending baka lunga selawas-lawas tolih balike gawa duit atawa mikul sekarung
beras. Biasane Onyon mah baka balik bli sok gawa apa-apa alias bablas.
Ditinggal
lunga karo lakine, Ny. Tarkunah bli kelingan bli apa-apa. Malah deweke seneng.
Endah bae arep lunga mendi bae gah bli arep digoleti. Engko baka wis bosen
ngampleng mah pasti Onyon balik meng umah.
Sore-sore
lagi duduk ning buk, ujug-ujug ana tanggane wewara. Jare tangga baka bengi
Onyon pernah ketangguan lagi turu dewekan ning saung sawah. Ari awan mah langka
embuh lunga mendi.
“Gage
kongkon balik laki nira, melas, Bi!” jare Bi Carpen tangga sebelah.
“Arep
urip arep mati masa bodo, reyang mah busung bli arep goleti. Pusing duwe laki
kaya konon, kelakuan bli robah robah. Unggal dina gawene ngan molor bae. Baka
diomongi kalah nyewot sekarat kadal, tolih dadi tukaran,” jawab Ny. Tarkunah.
“Ya
baka duwe laki kaya konon gawe mengkel bae mah, wis bae gah pegatan.”
“Emong
pegatan mah. Reyang mah isin disebut rangda. Mengko bokatan akeh wong lanang
demen. He he he.”
“Sapa
lanange sing arepan demen ning Bibi sing wis kecot kaya konon! Paling gah mang
Surja tukang angon bebek sing demen sampeyan mah, Bi,” jare Bi Carpen maning
bari gemuyuh.
“Lah
jare sapa. Sira ngece ya! Bengen waktu lagi enom laki nira pernah kegeloan
demen nin reyang. Ayo takon ning laki nira!” Bi Tarkunah rada nyewot, gara-gara
Bi Tarpen nyebut didemeni Mang Surja, wong tuwa sing lagi ngeduda tukang
ngangon bebek.
Bi
Carpen bli nrima disebut-sebut lakine pernah demen ning Ny. Tarkunah, tolih
roroane dadi tukaran silih sewot silih bentak, sampe sampe tetangga kampung pada
metu sing umahe deleng wong wadon lagi tukaran. Untung bae ana Pa RT lewat. Bi
Carpen gage dikongkon balik meng umahe. Ari Ny. Tarkunah dikongkon mingkem
cangkeme, meneng aja ngomong.
Esuk-esuk
Wak Kabul miang ning sawah. Barang deleng ning saung ana wong lagi mrongkol
turu bari dikerubung sarung. Barang dipareki, bli weruh si Onyon sing wis lawas
bli balik ning umahe. Bli akeh omong maning, Wa Kabul gage ngemet ember sing
wis diisi banyu di pinggir saung. Gageh dibanjuraken ning awake Onyon.
“Aduuuuuh!
Kurang ajar sapa sing ganggu kita!”Onyon gage tanghi, bari ngamuk arep
nempeleng wong sing ngebanjur.
Barang
dideleng ning adepan ana Wa Kabul lagi ngadeg. Tangane metentang, matane
melotot kumise baplang segede buah gedang. Onyon sing arep nyeweot dadi bli
sida isin rupane deleng Wa Kabul.
“Gage
balik! Gage balik! Sing melas ning anak rabi!” jare Wa Kabul nyewot.
“Mengko
bae kita arep balik baka wis duwe duwit Wa. Emong balik sekiyen mah bokat
dipentung wong wadon!” jawab Onyon alesan. mang uyo
Komentar